Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

Minggu, 09 November 2014

Tembang Gambuh dan Pocung

A.  GAMBUH
1.    Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katulo tulo katali
Kadaluwarso katutur
Kapatuh pan dadi awon



B.  POCUNG
1.    Jrotyas wuyung nulat sekar gandanya rum
Angrerujit nala
Lina lutan bangkit lalis
Tulus lalu lila lamun pinetika
2.    Iya mathuk bakal ya tansah kepethuk
Tinemune nyata
Yekti marga isi-isi
Wite dhuwur angel tumi-tumiyungna
3.    Yen satuhu arum njawi lebetipun
Tan nganggo pulaskan
Mongka sudarsana yekti
Aweh mulya ngambar gandane kusuma
4.    Bapak pocung cangkemmu marep mandhuwur
Saba mu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah guwaya
5.    Angkara gung neng angga agung gumulung
Gegolonganira
Tri loka kere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
6.    Pangajabku duwe gegayuhan luhur
Mandhegani bangsa
Mbrastha kemiskinan yekti
Swasembada murah sandang pangan papan
7.    Yen wus iku nagri kita bakal maju
datan ketinggalan
lan bangsa mancanegara
ja kesuwen dadi negara berkembang
8.    Bapak pocung dudu watu dudu gunung
sabamu ing alas
ngon ingone sang bupati
prapteng marga si pocung lembehan grana
9.    Bapak pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Si pocung dadi dahana
10.    Bapak pocung dudu tampar dudu dadhung
Dawa kaya ula
Penclokanmu kayu garing
Prapteng griya si pocung ngetokne cahya



B.    GAMBUH
1.    Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon
2.    Lan sembah sungkem ipun
Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi
Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon
3.    Marmane sira sagung
Aneng donya ywa kong si kaugung
Dipun becik mring sasama ning dumadi
Supaya nora kaduwung
Mrih rahayu ning lalakon
4.    Ana wong uwis sepuh
Duwe anak loro tan langkung
Lanang wadon wis diwasa tekeng wanci
Kang watek kosok wangsul
Ngalor ngidul nora cocok
5.    Kang wadon banget wungkul
Wekel sregep samubarang laku
Dasar gemi nastiti sarwa mrantasi
Pagaweyan kasar alus
Kabeh gelem ara mopo
6.    Beda lan kakangipun
Uwis bodhokesete kalangkung
Tur wegahan lumuhan sabarang kardi
Boros ngebreh tanpa petung
Apa-apa ora enjoh
7.    Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
8.    Yen wong mangkono iku
Nora pantes cedhak mring wong agung
Nora wurung anuntun panggawe juti
Nanging ana pantesipun
Wong mangkono didhedheplok
9.    Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra pepeki
Lamun becik tuturipun
Iku pantes sira anggo
10.    Sikidang umbagipun
Ngadelaken kebat lumpatipun
Pan si gajah ngadelaken gung kang inggil
Ula ngadelaken iku
Mandine kalamun nyakot

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Blogger Templates