Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

Minggu, 09 November 2014

Pengertian dan contoh Ukara Pakon, Ukara Pitakon, Ukara Prentah utawa Agnya


Bocah-bocah sekolah mesthi dha bingung menawa ana pelajaran nggawe ukara pakon (kongkonan/pangakon) lan pitakon. Ukara pakon (menawa kongkonan/pangakon) ki apa? Ukara pitakon ki apa maneh. Wong tuwane ya dha bingung sing dimaksud ukara pakon ki apa? Ukara pitakon yakuwi ukara kang ngandhut teges nakokake apa wae lan biyasane ngaggo tembung pitakonan, kayata : Sapa kuwi?, Dina apa?, Genea?, Kepiye? lan liya-liyane. Ukara pakon (pangakon/kongkonan) yakuwi ukara kang tegese kongkonan utawa ajakan.

Tuladha ukara pitakon :
Kapan anggonmu lunga menyang Palembang ?
Sapa jenenge guru basa Jawa ning sekolahanmu?
Arep ning ngendi?
Piye carane nggawe wedang jae?
Jam pira adhimu mulih sekolah?
Sapa sing nyanyi ning kamar mandi kae?

Tuladha ukara pakon (kongkonan/pangakon):
Tulung jupukna garisan ning jero tasku!
Gawanen wungkusan iki!
Tukua lenga ning warung!
Gawea layang kanggo Pak Likmu sing ning Jakarta!
Setrikakna rasukane Bapakmu kuwi!
Resikana kamarmu!
Rampungna anggonmu sinau!
Gek ndang turu, sesuk kawanen lho!
Tulung gawekna aku ukara pakon lan pitakon, cacahe lima!

Ukara Pitakon.
Yaiku ukara kang mbutuhake wangsulan. Ukara pitakon iku migunakake tembung pitakon, lan ukarane dipungkasi kanthi tandha pitakon (?). Ukara-ukara pitakon ing ngisor iki lagokna !
a.       Sapa jenengmu?
b.      Ing endi Pak Wahyu nemokake emas berliyan iku ?
c.        Benjang menapa Panjenengan badhe rawuh mriki malih ?
d.       Kados pundi caranipun supados para siswa saged tertib ?
e.        Kenging menapa taksih kathah tiyang sami boten perduli dhateng pendidikan ?
f.        Pinten wragadipun kegiyatan kados ngaten punika ?
Ana ukara pitakon, kang intonasine uga takon, nanging sejatine ora mbutuhake wangsulan. Ukara Oratoris, yaiku ukara pitakon kang ora mbutuhake pawangsulan, sebab apa kang ditakokake wis ora perlu diwangsuli maneh, wis cetha karepe.
Tuladhane yaiku :
a.       Ing endi ana wong urip ora kepengin sugih, uripe ayem tentrem?
b.      Sapa sing kandha yen golek elmu iku ora perlu pangurbanan ?
c.       Kapan ana wong mati dilangkahi kucing, urip?

Ukara Prentah utawa Agnya.
Yaiku ukara kang surasane ngakon, mrentah marang wong liya supaya nindakake kaya isi/surasane ukara mau. Ukara iki nduweni intonasi dhewe, ora padha karo intonasi ukara andharan lan pitakon. Ciri liyane yaiku anane tandha ‘penthung’ utawa panyeru ing pungkasane ukara (!).
Tembung-tembung kang bisa ngasilake Rimbag Agnya iku ana papat : yaiku menawa tembung lingga oleh panambang –a, -na, -ana, lan –en. Tuladhane ing ukara kaya ing ngisor iki :
a.       Rek, aja lali sinaua !
b.      Widari, tulung pundhutna garisan iku, ndhuk!
c.        Ayo, yen pancen wani, tandhingana aku!
d.       Lawang nomer telu kae bukaken!
e.        Tom, balekna bukuku!
f.       Kabeh tugasmu iku garapen kang becik !
Ana ukara prentah kang isine menggak utawa menging supaya ora tumindak kaya ing ukarane. Ukara mau arane ukara pamenging, biasane nggunakake tembung aja, sampun. Ukara pamenging ora mbutuhake rimbag agnya –a, -na, -ana lan –en kaya ing dhuwur.
a.       Aja nganti cedhak-cedhak kebo gupak !
b.      Sampun sangga uwang mawon !
c.       Aja sembarangan, apa-apa dipikir dhisik !

11 komentar:

Unknown mengatakan...

kalau ukara pitakon yang pakai basa krama gimana?
........................................................................................................................#bingung

siebenorbit mengatakan...

Asmamu sinthen? (?)

Unknown mengatakan...

Mripatku ana loro ukara apa ya

Hanan Zakian mengatakan...

Huh

hayyyyo mengatakan...

Hayo

Unknown mengatakan...

Pitakon buku iki regane limalas sewu rupiah

Unknown mengatakan...

Kuwi bocah ana

Unknown mengatakan...

Hk

Anonim mengatakan...

Kok balad

Unknown mengatakan...

Gak jelas njenggg

Unknown mengatakan...

Asw

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Blogger Templates